Artikel Bahasa Jawa - Ukoro Molimo
tansah dados perkaos engkang nandha aken bab ingkang mboten sae,
kajobo iku ukora molimo tansah dados simbol pakaryan ingkang kriminal ,
saget dadosaken penguripan ingkang mboten sae. kajobo iku molimo sami
isinipun ing salah sak tunggalipun lagu , kirang langkung mekaten, "
Molimo iku larangan agama , ugo dadi larangane negoro , singkerno sebab
iku dosa neng akherat besok bakal ciloko,,,, dek mbiyeng nganti sak iki
ora ono wong sugih kok mergo judi,,,, "
mekaten kirang langkung pengertosan molima , kapisan Maling
(nyolong), yakuwi tumindak njupuk milike wong liya tanpa njaluk
palilahe saka sing duwe, ngakoni darbeking liyan kang dudu dadi hake ya
kalebu maling. Utawa ing jaman saiki kaprah kedadean korupsi, kang
kalebu maling.
Ma kang kaping pindho yakuwi
Main (judi, keplek, lan sajinise). Main ing bebrayan Jawa mengku karep
tumindak bebotohan, nganggo udhu dhuwit utawa bandha liyane. Lumrahe
main iku antarane adu jago, totohan, kertu, lan sapiturute.
Dene Ma kang kaping telu
yakuwi Madat utawa nggunakake obat-obatan terlarang, ing jaman ndhisik
disebut candu, jenewer umpamane. Ing jaman modheren iki Madat padha
karo nyimeng, ngganja, nyabu lan ngepil, tumindak kang ngonsumsi
Narkoba.
Ma kang kaping papat yakuwi Mabuk utawa minum, ngombe, mendem minuman keras (Miras), tumindak ngombe nganti mendem, mabuk lan sapiturute.
Ma kang pungkasan,
yakuwi Madon ( Medok ) utawa dolanan wong wadon, ngrusak pager ayu,
dhemenan, lan sajinise, kayata karem nglakoni hubungan lanang-wadon
kang ora nganggo paugeraning agama lan nagara, sex bebas.
ampun
ngantos kula panjenengan sami kalebet utawi nglakoni salah sak
tunggalane 5 werno molima ingkang saget dadosaken rugi ndonyo lan
akherat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar